Senin, 07 September 2015

KHUTBAH IDHUL ADHA => HIKMAH IBADAH QURBAN


Dening: Drs. Slamet Arifin, M.Ag.



اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ
اَللهُ اَكْبَرُ   اَللهُ اَكْبَرُ   اَللهُ اَكْبَر ُ  , اَللهُ اَكْبَرُ   اَللهُ اَكْبَرُ   اَللهُ اَكْبَرُ , اَللهُ اَكْبَرُ  اَللهُ اَكْبَرُ اَللهُ اَكْبَرُ كَبِيْرًا , وَاْلحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا , وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلاً , لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ ,  اَللهُ اَكْبَرُ وَِللهِ اْلحَمْدُ . اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى صَدَقَ وَعْدُهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلاَحْزَابَهَ وَحْدَهُ . اَشْهَدُ اَنْ لآ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ , وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ الَّذِى لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ , اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَىاَلِهِ واََصْحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ .  اَمَّا بَعْدُ:   فَيَا عِبَادَ اللهِ  اتَّقُواللهُ فِى كُلِّ سَاعَةٍ  وَتَزَوَّدُوا بِهِ  فَإِنَّ  خَيْرَ  الزَّادِ  التَّقْوَى . قَالَ  اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ  ,  فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ  ,  اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ اْلأَبْتَرُ              


Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Allahu akbar, Allah Maha Agung. Ing kalodangan enjeng punika umat Islam sak donya sami ngrayakaken dinten Raya Idul Adha, suwanten takbir, tahmid, tasbih lan tahlil sami kakumandangaken ing seantero jagad raya punika. Jutaan umat Islam saking pinten-pinten suku, bangsa lan etnik sami ngumandangaken Asma Allah Ingkang Maha Agung. Sedaya punika boten namung amargi seneng-seneng lan pesta kemawon, ananging punika nedahaken pinangka bukti anggenipun sami bekti, tunduk sarta patuh anggenipun sami pasrah sarta syukur ing ngarsanipun Allah Swt. Ingkang Maha Kawasa, Maha Agung, Ingkang Maha Sampurna sarta Maha Welas lan Asih.
Ing dinten Idul Adha utawi Dinten Qurban, umat Islam dipun anjuraken supados sami mragat raja kaya utawi kewan ternak. Pramila punika Idul Adha asring dipun sebat Yaum an-Nahr, inggih punika dinten mragat. Dipun sebat kados makaten amargi amalan ingkang paling utami ing dinten menika wau inggih arupi mragat kewan qurban (udhiyyah).
Rasulullah Saw. nate  ngendika ingkang kapacak ing Sunan Tirmidzi hadits nomer 1413:

مَا عَمِلَ آدَمِيٌّ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ إِنَّهَا لَتَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِقُرُوْنِهَا وَأَشْعَارِهَا وَأَظْلاَفِهَا وَأَنَّ الدَّمَ لَيَقَعُ مِنَ اللَّهِ بِمَكَانٍ قَبْلَ أَنْ يَقَعَ مِنَ اْلأَرْضِ فَطِيْبُوْا بِهَا نَفْسًا                                                                 
“Ora ana amalan kang dilakoni dening manungsa ana ing Yaum an-Nahr kang luwih ditresnani dening Allah kajaba ngilekke getih (kewan qurban kang disembelih), ing mangka  dheweke ing dina Kiyamat besok bakal nekakake sungu, wulu, lan kukune, sarta getihe iku temen bakal ana ing ngersane Allah sadurunge muncrat ana ing lemah, amarga iku senenga sira amarga iku” (HR. At-Tirmidzi, Ibnu Majah lan Al-Hakim kanthi sanad kang shahih)

Allahu Akbar Allahu Akbar Walillahilhamd
Jama’ah Idul Adha ingkang minulya
Miturut Islam, qurban awalipun boten saking mitos kados dene agami-agami Kuno-Yunani, Mesir, lan India ingkang tujuanipun kangge para Dewa/Tuhan kanthi cara nilar bayi ing pucuking redi utawi nyemplungaken kenyo ing lepen ingkang angker. Ananging qurban punika pinangka wujud kepasrahan, pangabekten, sarta kesalehan hamba.
Engkang asring dipun supekaken ing ibadah qurban, wonten kalih perkawis engkang kedah lumampah sesarengan inggih punika Ilahiyah lan insaniyah utawi hablum minallah sarta hablum minannas. Nilai kesadaran ing qurban menawi kita gatosaken anggadahi kalih underan inggih punika mbangun kesalehan pribadi saha kesalehan sosial. Menawi ing ibadah shiyam ngajak umat Islam engkang taqwa supados ngraosaken luwih kados dene luwenipun para miskin, sedheng ing ibadah qurban menika ngajak para miskin supados ngraosaken wareg kados dene tiyang engkang kacekapan. Awit kalih perkawis punika engkang nemtokaken cilaka lan begjanipun manungsa, kados dene pangandikanipun Allah Swt ing Al Qur’an surat Ali Imran ayata 112:

ضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ أَيْنَ مَا ثُقِفُوْا إِلاَّ بِحَبْلٍ مِنَ اللَّهِ وَحَبْلٍ مِنَ النَّاسِ وَبَاءُوْا بِغَضَبٍ مِنَ اللَّهِ وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الْمَسْكَنَةُ           
Dheweke kabeh padha kagubet dening kanisthan ana ing endhi wahe dheweke kabeh padha manggon, kajaba yen dheweke kabeh iku padha cekelan kukuh marang tampare (agamane) Allah, lan marang tampare (janjenan) karo manungsa, lan dheweke kabeh entuk kamurkan saka Allah maneh lan padha kagubet dening kanisthan.”

Allahu Akbar Allahu Akbar Walillahilhamd
Jama’ah Idul Adha Rahimakumullah
Qurban sampun wonten wiwit Adam lan Hawa, nalikanipun Qabil lan Habil rebutan jodo, mila Adam ngawontenaken sayembara sintena ingkang dipun tampi, piyambakipun ingkang anggadahi hak garwa Iqrima, sedherek kandungipun Qabil. Lan Qabil rumaos kawon ing ndalem sayembara kala wau, kanthi kawontenan nesu Qabil ngancam “badhe mejahi Habil” Lan kanthi pangandikan ingkang sareh Habil ngengetaken, bilih “Allah namung badhe nampi qurbanipun tiyang ingkang taqwa”  Kados pangandikanipun Allah ing surat Al Maidah ayat 27:

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ ابْنَيْ ءَادَمَ بِالْحَقِّ إِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ أَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ اْلآخَرِ قَالَ  َلأَقْتُلَنَّكَ قَالَ إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللَّهُ مِنَ الْمُتَّقِيْنَ                                                              
Wonten ing ayat sanes dipun cariosaken bilih wonten tiyang sepuh ingkang selami tigang dalu ngebleng ngimpi supados mragad putranipun. Kanthi manah engkang aurat, panjenenganipun ngendikaken mimpinipun dateng putranipun. Boten kanyana-nyana putranipun malah mangsuli dateng Bapanipun, “Kula siap mugi-mugi kula kalebet ewonipun tiyang ingkang sabar.”  Kados dipun terangaken ing Al Qur’an surat Ash-Shaffat ayat 102:

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَابُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَاأَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ                                                     
“Mula rikala bocah iku wus tumeka (umur) bisa mlaku bebarengan Ibrahim, Ibrahim ngendika : “He putraningsun, ngger, satemene ingsun supena sajrone sare, menawa ingsun nyembeleh marang selira. Mula coba pikiren kepriye mungguh miturut selira? Kang putra matur : “Dhuh rama, rama kula aturi nindakaken menapa ingkang dipun prentahake dhumateng panjenengan; Insya Allah panjenengan badhe manggihake ingkang putra kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar.”

Allahu Akbar Allahu Akbar Walillahilhamd
Jama’ah Idul Adha Rahimakumullah
Ayat kala wau paring kritikan dateng tradisi engkang lumampah ing zaman kala wau, inggih punika masyarakat sami ngorbanaken nyawa manungsa kangge sesembahanipun. Allah nguji sepinten kepasrahan lan ketaatan Ibrahim dateng Allah supados ngorbanaken putranipun Ismail ingkang sanget dipun tresnani. Kanthi ujianipun Allah kala wau leres-leres Ibrahim saget lulus, pramila Allah ngutus malaikat mbeta menda dateng Ibrahim pinangka gantosipun Ismail.
Allah Swt. boten nate ngersakaken sesajen ingkang arupi daging punapa dene rah saking kewan qurban, ananging Allah nampi saking ketaqwaan, keikhlasan, sarta kepasrahanipun hamba engkang nindakaken qurban. Kados pangandikanipun Allah piyambak ing surat Al Haj ayat 37:

لَنْ يَنَالَ اللهَ لُحُوْمُهَا وَلاَ دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ كَذَلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ            
“Dading-daging onta lan getihe iku babar pisan ora bisa oleh karilaane Allah, ananging ketakwaan kang saka sira kabeh iku kang bisa oleh karilaane Allah. Kaya mengkono iku Allah wis nundhukake onta-onta mau marang sira kabeh, supaya sira kabeh padha ngegungake Allah tumprap hidayah-E marang sira kabeh. Lan aweha sira (Muhammad) kabar bebungah marang wong-wong kang padha agawe kebecikan.”

Sedheng daging qurban dipun dum-dumaken dateng tiyang ingkang anggadahi hak inggih punika sak pratiganipun kangge tiyang ingkang qurban, sak pratiganipun malih kangge kerabat sarta sahabatipun, lan engkang sak pratiganipun malih kangge fakir miskin. Menika sedaya pinangka hikmah qurban saking sisi sosial, fakir miskin saget ngraosaken dedaharanipun tiyang sugih.
Kajawi punika ibadah qurban ugi maringi rezki tumprap para peternak saha pedaqgang, menawi dinten-dinten biasa namung 3-4 menda ananging menawi Idul Adha saget lipet 3 ngantos 4 tikelipun. Kanthi makaten tiyang ingkang qurban ateges sampun mbantu ekonominipun peternak, awit ingkang sugih, peternak, saha fakir miskin sedayanipun sami andil ing dalem pangibadahan qurban.
Menawi dipun penggalih ibadah qurban punika saget nambahi aset kanggenipun negari, contonipun pinten kewan ingkang dipun pragat ing negari Arab Saudi para sedherek, lan menawi Indonesia saget ngedrop kewan ternak dateng negari Arab Saudi kalau wau, lajeng pinten arto ingkang lumebet dateng kas negari. Ananging punapa nagari kita siap, bara-bara kewan ternak lha wong beras kemawon nagari kita tasih import saking nagari sanes, kamangka sawah ladang kita menika sanget wiar, musimipun sanget nyengkuyung, panenipun saget kaping kalih kadangkala kaping tiga setahunipun, lan ugi nagari kita kalebet nagari agraris utawi pertanian, menawi kabanding kalian nagari Birma, Korea, China, Thailan lan sanesipun, ingkang lahan pertanianipun sanget winates sarta namung anggadahi setunggal musim panen setahunipun. Kok saget kados makaten punapa sebabipun, Wallahu a’lam.
Pancen pengalaman ruhani menika pinangka inti anggenipun ngrasuk agami, ananging saben pangibadahan punika wonten hikmahipun piyambak-piyambak, makaten ugi wonten ing ibadah qurban inggih wonten hikmahipun. Hikmah menika kados dene madu; kita boten saget ngraosaken leginipun madu sadherengipun ngicipi utawi ngraosaken piyambak. Makaten ugi ing ibadah qurban, kita boten saget ngraosaken nikmatipun ibadah qurban sadherengipun kita nindakaken qurban piyambak       

Allahu Akbar Allahu Akbar Walillahilhamd
Jama’ah Idul Adha ingkang minulya
Semangat berqurban kedahipun nyengkuyung umat Islam supados semangat anggenipun berjuang lan korban kanthi sareng-sareng merangi kebodohan, kemiskinan lan keterbelakangan ingkang taksih dipun raosaken dening saperanganing umat Islam.
Sejatosipun mragat kewan qurban menika gambaraken supados manungsa sami nyuceni dirinipun saking sifat-sifatipun kewan kadosta, tamak, serakah, iri, dengki, hasud, egois, ngalalaken sekabehing cara, boten mangertos sae menapa awon, ngrampas hak-hak malah-malah nganiaya dateng tiyang sanes, ngidak ngisor sundul duwur sikut kiwa sikut tengen nggih namung buru sifat angkara murkanipun. Anehipun piyambakipun inggih tetep ngaku pinangka tiyang engkang iman lan muslim, nindakaken ritual keagamaan kadosta shalat, zakat, pasa lan ugi haji tur boten namung sepisan saget ugi makaping-kaping. Sifat kados kewan kala wau kedah leres-leres kita tilar. Awit sifat kala wau nyesataken kita lan njalari lumebetipun dateng neraka, kados dene pangandikanipun Allah Swt. piyambak ing Al Qur’an surat Al A’raf ayat 172:

وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَاْلإِنْسِ لَهُمْ قُلُوْبٌ لاَ يَفْقَهُوْنَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لاَ يُبْصِرُوْنَ بِهَا وَلَهُمْ ءَاذَانٌ لاَ يَسْمَعُوْنَ بِهَا أُولَئِكَ كَاْلأَنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُوْنَ            
“Lan satemene Ingsun ndadekake kanggo isine neraka Jahannam akah-akehe sangka jin lan manungsa, dheweke padha nduweni ati, ananging ora digunakake kanggo mahami (ayat-ayate Allah) lan dheweke padha nduweni kuping (ananging) ora digunakake kanggo ngrungokake (marang ayat-ayate Allah). Dheweke kuwi kaya dene raja kaya, malah dheweke luwih kesasar maneh. Hiya dheweke kuwi wong-wong kang padha lali.”

Makaten hikmah-hikmah qurban ingkang saget kula aturaken, saderengipun getun geduwung sumangga ingkang kuwawi nindaken qurban sumangga kita tindakaken wiwit bibar shalat Idul Adha ngantos akhir dinten tasyrik inggih menika tanggal 10, 11, 12, 13 ing wulan Dzulhijjah, awit menawi mampu qurban ananging boten purun qurban miturut pangandikanipun Rasulullah tiyang kados kala wau menawi seda kalebet seda ingkang kados dene tiyang Yahudi punapa dene Nasrani. Na’udzubillahi min dzalik

Ing akhiripun mugiya Allah Swt. nebihaken kita pinangka ewonipun tiyang ingkang rugi amargi nglirwakaken kesempatan ingkang dipun parigaken lan ugi nebihkan anggen kita sowan ing akhirat mangkih tanpa sangu ingkang cekap. Mugiya Allah paring kekiyatan dateng kita satemah saget nindakaken dawuh-dawuhipun sarta nebihi sedaya awisan-awisanipun, lan ugi Allah paring pitedah sarta nampi lan males dateng sedaya amal kita.
Amin ya Rabbal’alamin.   









بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ , وَنَفَعَنِى وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِى وَمِنْكُمْ تِلاَ وَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ , أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِى وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُالرَّحِيْمُ , رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَِلاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبِقُوْنَابِاْلاِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَاغِلاًّ لِلَّذِيْنَ اَمَنُوا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ , اَللَّهُمَّ اَعِزِّاْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاَهْلِكَ اَعْدَا اَدِّيْنِ اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَْئٍ قَدِيْرٌ , رَبَّنَاهَبْلَنَامِنْ اَزْوَاجِنَاوَذُرِّيِّاتِنَاقُرَّةَ اَعْيُنٍ وَجْعَلْنَالِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا , اَللَّهُمَّ اجْعَلْ هَذَا اْلبَلَدَا اَمِنًا وَارْزُقْ اَ‌هْلَهُ حَلاَلاً طَيِّباً, رَبَّناَ اَتِناَ فِى الدُّنْياَ حَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِناَ عَذَابً النّاَر ِ, سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ اْلعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى اْلمُرْ سَلِيْنَ وَاْلحَمْدُ ِللهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ .                          

وَالسَّلاَمٌ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ                         

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.